"Assalamualaikum kang!", si Bejo mertamu maring gone kang Suta, "Waalaikum salam,ana perlu apa koh ora biasane mampir maring nggone enyong jo?" kang Suta mansuli Bejo :" Kiye kang, enyong kie di kon nyebar undangane nikahane anake kaki Sarkawi....," Kang suta: "Anak sing endi ya?" Bejo:" Kae kang, anak ragil sing jenenge Tuminah tulih wis lulus kuliah nang Jogja, bar wisuda wingi terus dilamar nang kanca kuliahe dewek,jenenge Suparno, kaya kue, jerene wong jawa timur kang, anake wong gedean lah,acarane jere arep gede gedan mbarang kang, nanggap wayang dalang ki mantep koh! Kang suta: ""Walah jan, siki pancen agi mangsan kawinan ya jo, nek kaya kie tah ndina ndina kondangan, duh jan..duit kang endi ya, minggu wingi anake pak pasil sepitan,lah tembe wingi baen aq tembe jagongan nang pengantenane anak lanange si sidakarya, kae jare anak lanange ulih bojo wong sebrang. kiye malah ana maning mantenan anake kaki sarkawi, d...
Blog Tentang Indonesia dan Dunia