Langsung ke konten utama

Sawang sinawang

"Assalamualaikum kang!", si Bejo mertamu maring gone kang Suta,

"Waalaikum salam,ana perlu apa koh ora biasane mampir maring nggone enyong jo?"  kang Suta mansuli

Bejo :" Kiye kang, enyong kie di kon nyebar undangane nikahane anake kaki Sarkawi....,"
Kang suta: "Anak sing endi ya?"
Bejo:" Kae kang, anak ragil sing jenenge  Tuminah  tulih wis lulus kuliah nang Jogja,  bar wisuda wingi terus dilamar nang kanca kuliahe dewek,jenenge  Suparno, kaya kue, jerene wong jawa timur kang, anake wong gedean lah,acarane jere arep gede gedan mbarang kang, nanggap wayang dalang ki mantep koh!
Kang suta: ""Walah jan, siki pancen agi mangsan kawinan ya jo, nek kaya kie tah ndina ndina kondangan, duh jan..duit kang endi ya, minggu wingi  anake pak pasil sepitan,lah tembe wingi baen aq tembe jagongan nang pengantenane anak lanange si sidakarya, kae jare anak lanange ulih bojo wong sebrang.   kiye malah ana maning mantenan anake kaki sarkawi, duh jan...".'
Bejo :" Rika deneng malah sing mumet kang, wong gari teka thok koh apa angele, motor ana loro, umah wis magrong magrong, anak wis pada mentas kabeh, kurang apa jane..?"
kang suta mangsuli :" Uawalah jo, kue tulih ngertimu, apa enyong ndarani due duit akeh apa?, kie enyong agi mumet mikir utang jo, kie malah meh mendina ana wong kawinan, arep teka ora due duit, ora teka ya isin, kowe ngerti ora, mben teka jagongan mbok gawa amplop,apa isine amplop kue godong gedang sih, isine mbok duit?"kae motor loro kae ya kredite urung rampung,kae anaku si  denok tembe wingi ketrima PNS , apa ndarani enyong bungah, ora! malah bingung koh, jerene wingi kon setor 50 juta,keu jajal, duit kang endi?
Bejo :"temenan kue kang? enyong malah tembe ngerti ya, ujarkua, rika urip wis kepenak pisan kaya kue koh kalingange mumet banget ya, pancen wong bisane sawang sinawang ya  kang", wingi enyong ya tembe ulih kabar,jerene  pak dulah  kae munggah kaji ujarkua duite dewek,jere kue ya duit utang kang, siki wis dadi kaji,wis di undang pak kyai ya malah ndina ndina mikir ngulanasi utang kajine, ana maning kae kaki karto, sing mobile ana telu, kae wingi malah ana kabar umah karo mobile kue arep di segel bank ya sebab ora bisa nyaur utang".

bejo nerusena omongane
"pancen bener ya  kang, wong kue mung bisa sawang sinawang, enyong ndeleng rika ketone urip kepenak, kalingange utange ya akeh ya, ana maning, wingi enyong maca koran  jere  ana sing wis mabur dadi babu nang arab jerene mben wulan ngirim duit jutaan ya kalingene nang kana uripe nlangsa banget, di gebuki ndina ndina nang majikane, padahal bojo karo anake sekepaneke dewek geli mbuang duit,bali ngumah sedesa terus geger merga kang arab malah awak tatune arang kranjang"

Kang Suta: "mulene kue, mending koe sebenere jo, siki ndeleng, wong urip nggolet apa sih? nggolet ketentreman urip mbok?'koe due utang ya ora, dua tanggungan ya ora,kepenak embok?
Bejo ;"pancen iya kang, jere biyungku, mending mangan mung sega, kluban karo sambel, tapi ora due utang ketimbang dina ndina mangane iwak tapi mumet mikir utang karo kebutuhan sing ora entek entek" tapi ya aja dikira enyong ora due utang kang,  seliane njujukena undangan, kie enyong ya arep mbayar utang maring rika,
Kang suta:"Kowe utang maring enyong? utang pirang juta?
Bejo:"Wakakaka...ora jutaan kang, mung sepuluh ewu, wingi kae enyong sarapan nang warunge mbokayu suripah kan rika sing mbayari, wektu kue enyong klalen ora gawa duit, apa rika kelalen?.

Kang suta:" Ujarkua, mulane jo, nek kaya kuew pancen kowe kudu nyukuri, agi ora ngenyek ya, senajan rika  mung duene pit onthel , kue mbok nggonmu dewek.
Bejo :"Ya alhamdulillah kue kang, wis kang, aq terusan baen, kie duite 10 ewune ya, enyong arep mubeng maning kieh, esih ana 5 undangan sih arep tak jujug na.."
Kang suta: " Ya wis ati ati, kie tak elingna, koe aja mung kerjane jujugna undangan kawinan, koe sih kapan jujugna undangankawinanmu dewek?"" hahahaha, ya dongakna ya kang, secepete lah, nek bisa taun kiye insyaallah,"wis disit kang, wassalamualiakum"waalaikum salam, ati ati jo!"

Katrangan:" Cerita nang nduwur mung cerita piktip, ora nyata, umpanane ana jeneng apa kedadean sing mirip, kue kabeh ora sengaja babar blas ya kang,mbokayu, ramane, biyunge, dingerteni baen ya! nek enyong ana lupute ya njaluk ngapura".

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Anies - Cak Imin

 Kejutan politik terjadi di akhir bulan agustus 2023 ini.  Demokrat secara tiba-tiba keluar dari Barisan Koaliasi Perubahan. Hal ini disebabkan karena secara sepihak (minimal menurut Demokrat)  Informasi ini disampaikan Oleh Partai Demokrat menanggapi info A1 yang menyatakan bahwa Surya Paloh diam diam membuat Deal dengan Cak imin yang intinya Surya Paloh berharap bisa bekerja sama secara politik untuk mendampingi Anies Baswedan. Hal ini di anggap demokrat merupakan bentuk pengkhianatan oleh pihak demokrat yang merasa tidak di libatkan dan merasa di todong untuk mendukung Pasangan ini.  Menariknya sejauh ini, Koalisi ini cukup solid, walapun ada riak riak kecil, namun yang mulai membuat curiga Demokrat, kenapa surya paloh enggan segera mendeklarasikan pasangan Anies - AHY yang balihonya sudah terlanjur terpasang di Penjuru Indonesia. Pertanyaan selanjutnya kenapa Demokrat begitu marah dengan Manuver Surya Paloh mungkin karena surat dibawah ini.  Surya paloh yang...

Struktur Organisasi Kantor Staf Kepresidenan

 Struktur Organisasi Kantor Staf Kepresidenan berdasarkan Peraturan Presiden Nomor 83 Tahun 2019 tentang Kantor Staf Presiden. Selain diagram diatas, sebenarnya masih ada bagian yang tidak muncul di diagram yaitu  Wakil Kepala KSP dan Staf Ahlinya.  Deputi adalah unit yang setera Eselon I dan dibawah deputi masih ada Administrator  (Dulu Kepala Bagian) dan Pengawas ( dulu Kasubag atau Kasi).  Aturan Rinci tentang KSP bisa dibaca di Peraturan Presiden Nomor 83 Tahun 2019 dibawah ini

Sumber Pendanaan dan Mekanisme Program Makan Siang Gratis

 Walaupun hitung suara KPU belum selesai, sudah hampir dipastikan bahwa Prabowo Gibran unggul baik di quick count ataupun Real count. Saat ini media dan masyarakat mulai membahas program kerja Prabowo terutama Program yang unggulannya itu Makan siang gratis di sekolah. Yang menjadi pertanyaan sekarang dari mana sumber dana dan mekanisme pelaksanannya?  Saat ini pemerintah belum menentukan karena Rezim Jokowi baru berakhir di bulan oktober 2024. Namun demikian sepertinya RAPBN 2024 sudah ancang ancang untuk memasukan program kerja Prabowo ini agar bisa terlaksana tahun depan. Menurut perhitungan jika seluruh anak sekolah dari SD sampai SMA di berikan makan siang gratis selama bersekolah dengan anggaran 15.000 per sekali makan siang maka Negara membutuhkan anggaran lebih dari 400 Triliun Rupiah. Anggaran ini 3 kali lebih besar dari anggaran kementerian pemerintah, lalu DARI MANA DUITNYA?  Sumber Anggaran  Analisa saya pribadi ada 4 Metode yang bisa di tempuh pemerintah...