Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari Agustus, 2009

Mercon lan Wulan Ramadhan

Assalamualakum rika kabeh, ketemu karo eyong maning kiye, kang candra. Ora krasa ya kang, Dela maning puasa, rasane tembe wingi bae badha(lebaran) koh siki arep puasa maning ya kang. Jan, setahun koh kaya sewulan. Nang kene, eyong arep cerita babagan mercon(petasan) karo wulan puasa. Rika pada ngrasa ora siki kaya kayane koh nek puasa wis langka mercon luh, ora kaya jaman kuna,apa siki dilarang ya? jamane eyong esih bocah, nek arep puasa apa pas agi puasa awan wengi mercon nang endi ora. Sekang mercon cengisan sing cilik cilik ngasi mercon sing gedene se pring wulung kang. sing lewih keren maning, mercon sing gedene se pring wulung kue anu gawean bocah bocah kang. carane gawe gue kepenak pisan, mung tuku obat mercon karo kertas utawane buku ra kanggo . Biasane di cuss esuk-esuk apa wengi bar traweh(solat tarawih). Suarane kang ,jaaaaaaaan, kaya kayane tah seru mercon gaweane bocah-bocah ketimbang merchon gaweane noordin M Top markotop luh. Enyong esih kemutan kang. Pas agi mala

Pitulasan

Assalamualaikum, kang, mbokayu, ngesuk pitulasan ya...nang endi endi akeh banget sing pada gawe acara lomba, masang umbul umbul lan tv tv isinya mung acar a gending modern sing jenenge pop, lah jan ...tambah gemrungsung lah pokoke nek arep pitulasan. enyong arep ora ngomong lomba lomba sih isine meh pada mben taun, sekang mangan krupuk ngasi manjat wit jambe. ya pitulasan ya mung kaya kuwe. enyong arep cerita jamane ra kepenak kang. jamane isih perang. Tapi udu enyong sing ngalami, tapi mbahku sih siki wis duwe putu 30 lewih lan buyut wis meh 10...jan dawa banget umure mbahku koh.. Jerene kiye kang. pas jaman perang kuew aja maning mangan sega kang, mangan ros gedang baen angel koh..jan ora ana panganan lah pokoke, ndina ndina landa (belanda) patroli nang endi2. banding na karo jaman siki kang..wong siki dina dina panganane iwak laut, nek ora iwak pitik, nek nang kota malah mangan hamburger apa jan ora keren banget..kiye wis jaman kepenak. tapi ya esing ana wong sing ngangape rakyat in

Ngenalena Basa ngapak Banyumasan

Assalamualaikum Kang, Mbokayu,Bapake, Mboke lan Rika kabeh, kiye ceritane enyong arep ngenalena basa Banyumasan nggo wong Jawa tapi sih basa jawane ora ngapak lan nggo wong seberang. bocah bocah sing asale wong kang karisedanan banyumas, termasuk kuew daerah cilacap, kebumen, gombong, banyumas, brebes, tegal, banjarnegara lan dearah sekitare, Jaman siki, akeh cah-cah enom sing kang karesidenan banyumas kuwe pada isin nek kon ngomong nganggo basa banyumas, mbok di guyu karo kancane sing  kang daerah jawa liane, jerene basane lucu lan merguyokena. Jajal, nek rika ngerti, sapa maning ndeleng sing arep ngelestarikna basane dewek nek ora enyong karo rika.Tulisan kiye cocok nggo sinau wong sing kang derah Semarang, Jogja Solo apa jawa daerah jawa timuran lah. Tapi nek rika udu wong jawa ya ora papa nek arep sinau basa Banyumasan. Men lewih kepenak, nang ngisor artikel kiye tak wenehi kamus cilik mesti enyong ngandel rika pada ngerti lan mudeng pas maca tulisan kiye, mung ora bisa ngomo